Pidato Basa Jawa

| Jumat, 27 Maret 2015


Assalamuallaikum Wr.Wb.

Ibu Sulistyowati selaku guru Basa Jawi Ingkang kula hormati,
Lan rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani.

Ing dalem wekdal Ingkang berbahagia niki, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayah saengga kita sedaya saged kempal ing panggenan niki kanthi wilujeng.

Kula ting mriki bakal ngaturaken babakan Narkoba, ingkang kita mangertosi wekdal menika narkoba saben dinten dados berita tumanter, TV ,napa dene media masa utawi koran. Kita mangertosi bilih Narkoba menika dados awisan, tumraping negeri langkung-langkung agami. Awit sesinten ingkang ngonsumsi narkoba sanget kemawan tumindak ingkang ngrungakaken tiang sanes, lan ugi katah ingkang mlebet penjara amargi narkoba. Awit tiyang ingkang ngonsumsi narkoba,ical kesadaranipun lan gampil tumindak anarkis,mbegal,jambret,lan sanes-sanesipun. Narkoba ngrusak jasmani saha rohani.sak sintenipun tiyang ingkang ngonsumsi narkoba mboten artis,pejabat,tentara,pelajar, mboten sugih utawi miskin,pramila kanthi mekaten.Sumangga sareng-sareng kita sedaya tebihi narkoba,kita perangi narkoba, supados langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning bangsa. Ampun ngantos kita gampil kepincut barang ingkang haram menika, ingkang badhe mbeta kita dating tumindak nalisie, saking keutaman, saha kesusilaan. Muga-muga kula lan panjenengan sedaya kaliyan generasi muda mboten kepincut barang ingkang haram menika.

Cekap Semanten ingkang saged kula aturaken , mbok menawi wonten kelepatan atur utawi kiranging subasita, kula nyuwun pangapunten.

Nuwun , Matursuwun.

Wassalamuallaikum Wr.Wb.

0 komentar:

Posting Komentar

Prev
▲Top▲